Wednesday, October 11, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 11

Duwe duit limangatus gawe tuku permen yuppi
Tukune nang negoro Londo entuke permen werno biru
Rekane arep update status tapi suasanane kok uwis sepi
Mending tak ora sido ndak diarani ora tau turu

Nggodog telo pendem diwenehi godong pandan
Godonge lengket mergo kecampuran lontong
Hawane dadi adem mergo nembe wae udan
Enake nganggo jaket banjur mlebu nang senthong

Aluwung meneng karo anteng
Tutuke mingkem ben ora monyong
Tiwas seneng telone uwis mateng 

Mandang dimaem jebulane telone ganyong

Njikuk telao diwadahi piring
Piringe lunyu telone numplek

Rupane uwis olo awake ugo gering
Ngakune ayu tapi ambune apek
 


Lagi maem intip malah direbut karo kancane
Intip seko Gresik sak kulone Banyuwangi
Mripate ketap ketip dadi angel turune
Mergo turune gasik banjur nglilir tengah wengi

Mangan intip iwak'e lemuru
Godong klaras bungkus gula jawa
Mripate ketap ketip ra iso turu
Amargo bojone dinas nang luar kota


Nganggo kocomoto mung mripat sing sebelah
Yen arep noleh kudu karo muna muni

Bojone dines luar kuto ora dadi masalah

Ijih ono aku sing siap ngancani 

Ojo nggelar kloso ndak gawe omah ulo
Ulone mesti krasan wong nyaman panggonane
Aku asale seko ndeso sing pakanane seko telo
Yen peang pingin rasan enggalo ndang moro rene

Wetwnge gendut koyo wetenge sapi
Wetenge berem mergo korengan
Nyumet udud karo ngombe wedang kopi
Ben tambah porem karo ngemil gorengan

Ono wereng lagi numpak jaran
Jarane poni mlakune karo mingkem
Ono bayangan ireng nang mburi parkiran
Mandang diparani jebulane kucing ndekem

Lungo nang Lampung dikancane gareng palur
Terus nang medan nemoni sang pacar
Persiapane uwis rampung kari nunggu sedulur
Mugo - mugo ora udan acarane biso lancar

Duwe duit satus digowo rena - rene
Duit turahan bodho arep gawe tuku panganan
Rekane arep nyetatus malah gedisikan koncone
Banjur ora sido mergo durung duwe bahan

Ono wong edan lagi ngoyak ulo
Ulone mlayu nang dapur ireng wernane
Mumpung pas udan acarane nggoreng telo
Telone rodo mempur jelas enak rasane

Njangan pare enake dicampuri duren
Duren seko Thailand bentuke rodo bedo
Seko esuk tekan sore udane durung leren
Rekane arep dolan - dolan banjur ora sido

Tuku tares gawe ngecet bodem
Tarese werno biru dadine apik tenan
Udane deres hawane dadi adem
Enake gawe Turu ben sesuk ora krinan




 
 

Tuesday, October 10, 2017

Pntun Jawa / Parikan Part 10

Sakane ambruk kurang semen
Awak ngantuk mending leren


Tuku getuk nang pasar magelang.
Mripate ora ngantuk mergo ditinggal sing lanang


Yen ono kunang - kunang ojo digusah
Kuwi sejenis kewan sing ono lampune

Senajan ditinggal sing lanang ojo digawe susah 

Mergo ket mau awan wis dielus elus pupune 

Njikuk tales nang kuto Padang
Awake lemes mergo kakean bergadang


Getuk campur kemangi
Mripate ngantuk jebule wis mbengi


Ngaku wis ora edan neng ijih kumat - kumatan
Nek pas ndodok senengane sok ngawe - awe
Wayahe temurun udan enake golek anget angetan
Anane mung telo godok teko disyukuri wae

Nduwe duwit limangatus gawe tuku nongko
Tukune ing sasi bodho entuk bonus tempe gembus
Arep update status kok malah udane teko
Banjur ora sido samar statuse dadi klebus

Arep ngomong saru jarene kok ora entuk
Samar keno sawan sing wujute koyo buto
Wayahe mapan turu wong mripate uwis ngantuk
Mergo ket mau awan ora biso meremake moto

Nggawe kolak gedang gawe persiapan mengko buko
Kolake dilebokke nang teko didelehake nang ngisor lampu
Rekane arep madang malah bakule sego durung teko
Mending nglinting mbako sinambi karo ngelus - elus pupu

Nggoreng ayam kampung rasane koyo nongko
Diglebeti glepung nggoreng nggowo minyak telon
Acarane pas rampung udane malah teko
Tetep bali nang Temanggung ora ketungalon - alon

Yen lagi maem nongko ojo karo jempalikan
Ndak dadi momolo pungkasane dadi ora apik
Udane wis teko malah ora nduwe pacitan
Enake nggodok telo karo nggoreng tempe kripik

Nduwe duwit rongatus gawe tuku wedang kopi
Kopi seko kutho Medan rasane mesti nikmat
Arep nggawe status kok suasanane uwis sepi
Mesti gek do wiridan wong saiki malem Ju'mat

Rasane nikmat ngombe wedang kopi
Nek malem Jum'at mocone surat Al Kahfi


Awake dadi kuru mergo keracunan potas
Potas gawe ngracun boyo dikirone panganan
Saiki wayahe mapan turu wis kesel anggone pentas
Sesuk jatahe makaryo ben tangine ora krinan

Enake maem jenang yen maeme nganggo suru
Ditambah gorengan mesti nikmat rasane
Anak wedok karo anak lanang wis podo mapan turu
Sing ijih ketap ketip bapakne karo ibune

Maem gedang goreng rasane koyo nongko
Gedange dipangan jebule ono sing nduweni
Ngenteni sego goreng malah bakule ora teko
Wetenge uwis keroncongan wayahe njaluk di iseni

Mancing nang kali progo entuke iwak urang
Gek arek digowo bali malah digondol kucing
Enake jogo yen lagi cuacane rodo terang
Pas jatah patroli kathoke ora ndadak dicincing

Ono wong ngemis njaluk buah duren
Duren seko Tasik jarene enak banget
Udane gerimis ket mau durung leren
Enake turu gasik ben awake rodo anget

Ngobong larahan banjur digawe lemen
Larahan godong waru dilebokake urung - urung

Yen ora nduwe bahan mendingan ramang melu komen
Aluwung mapan turu karo krukupan sarung


Makani tekek nganggo godong pandan
Godonge cacahe siji malah direbut pegawe sipil
 

Ramang ngekek ndak diarani rodo edan
Mending ngemut driji karo utik - utik upil
 


Lungo nang Kranggan tuku piring selusin
Mampir nang kos - kosan karo njipuk taplak

Aku wegah rasan wong upile rasane asin
Yen kadung rasan marahi dadi koplak


Awake wis kuru ugo ora resik
Ben biso lemu kudu akeh mangane

Ojo mapan turu iki wayah ijih rodo gasik

Mendingan mertamu banjur nginep nang nggon tanggane 

 


 




  

Pantun Jawa / Parikan Part 9

Dikandani ora nganut malah senengane gawe perkoro
Wanine mung nang mburi yen ditakoni ora ngaku
Rasane cenat cenut mergo sikile lagi loro
Tapi perlu disyukuri ijih diparingi biso mloka mlaku

Angon sapi diumbar rena rene
Sapi seko Londo awake rodo kuru
Arep nggawe wedang kopi malah entek gulane
Banjur ora sido mending gawe turu


Neng nong neng gung 
Nganten cilik dengkule mentul
Dadi uwong ora usah bingung
Yen pancen bener memang betul


Lungo nang Bali acarane angon wedhus
Tekan lereng tengger pas wayah bengi
Bayune uwis mili banjur biso adus
Awake dadi seger ambune ugo wangi

Lungo nang pasar nggolek wedhus
Wedhuse ireng koyo angus
Ayo cepet lek ndang adus
Bene ambune ora prengus


Lungo nang Temanggung seko Kandangan
Nganggone revo mandeg nang sendang
Rasane mendung yen tak sawang - sawang
Jebul gelo tenan mergo podo - podo sayang
 


Nganggo klambi loreng seng wernane uwes elek
Klambi peninggalane Belanda pas jamane rekoso
Mripate diganjel cireng ben biso kuat melek
Cireng kirimane Ibu Aida sing daleme Jampiroso

Lagi angon sapi malah dioyak kethek
Ketheke kuru mergo mangan kemangi
Arep nggawe wedang kopi jebulane gulane entek
Mending gawe turu wong wayahe uwis bengi


Tuku gethuk nang kertosono
Bablas reng Bali karo tuku kaos jogger
Mripat ngantuk enggal diturokno
Utowo mimik kopi ben mripate seger
 


Sirahe kebak koreng ojo ditambani sianida
Mending digundul ben ketok rodo klimis
Yen arep tuku cireng moro wae nang tokone bu Ika
Pasar sebelah kidul sing ugo dodol sosis


Apek gedang kluthuk diwadahi nganggo ransel
Gedange dipangani luwak mergo ora tau dijogo
Mripate uwis ngantuk rasane koyo kesel
Wayahe nggletakake awak gawe mulihake tenogo

Mapan turu gasik sesuk tangine mruput
Tangi tangi ngombe limun karo maem opor
Ndangdutan ndisik ben ora kroso nglangut
Daripada ngalamun ndak digondol lampor

Ramang nggugu karo omongane tonggo
Ndak marai linu rasane ing njero dodo
Malem Minggu malah gejatah jogo
Rekane arep nganu dadi ora sido
Maem rendang nang pinggir progo 
Rendange ora enak mergo dicampuri gulo 
Arep pingin madang di tinggal lungo
Wetenge ora kepenak mergo kakean telo
 


Ngaduk aduk semen digawe soko
Sing ngaduk wong bisu dilemeki goni
Ora sido komen wong bojoku uwis teko
Ndak bojoku nesu sesuk ora dikeloni
 


Werno ijo wernane godong lontar
Godong ringin ugo ijo wernane
Sing durung mbojo ora entuk melu komentar
Ndak malah kepingin bingung pelampiasane
 

 
 
 

Friday, October 6, 2017

Pntun Jawa / Parikan Part 8

Maem srikoyo rasane kok rodo bedo
Sing ngenehi tonggone srikoyone ijeh ijo
Wayahe makaryo senajan suasanane ijih bodho
Pancen dadi kewajibane nafkahi anak bojo

Tuku roti wijen karo adol waluh
Ngakune ijen jebul anake sepuluh 


Tuku kranjang gawe wadah waluh
Waluhe berem mergo kakean
Ngakune bujang jebulane anake wis sepuluh
Ben ketok porem ugo ben ketok kekinian
 


Yen mimik madu ojo karo maem nongko
Mundak awake gendut bentuke dadi ora karuan
Suasanane dadi syahdu mergo udane uwis teko
Enake nyetel dangdut ngibing tekan sesuk awan

Nyekel kuntilanak diumpetake nang ngisor mejo
Ditutupi klaras banjur ditaleni kawat
Paling kepenak yen bodho-bodho mangkat kerjo
Tongkrong nang teras sinambi nyawang wong liwat

Apek godong waru gawe mbuntel tlenan
Tlenan tinggalane leluhur seng asale seko ndeso
Ayo podo mapan turu ben tangine ora krinan
Sesuk biso sahur ugo biso nglakoni poso

Apek godong bayem ugo apek godong gedang
Monggo kulo aturi sare kanthi ayem mugi mbenjing mboten wonten ingkang krinan

Godong bayem godong gedang
Yen gawe dolanan nggupaki tlutohe
Atine ayem mau bengi ora suwe anggone begadang
Tangine ora krinan lih maem biso sak pol pole
 


Nduwe duit limangatus gawe tuku bola volli
Tukune sesuk bodho ben karo entuk bonus
Arep gawe status tapi malah ukorone aku lali
Banjur aku ora sido tinimbangane gagal fokus

Wayang golek jaran kore
Iku tontonan sing kondang
Ben golek padang pikire
Cepet gek ndang madang


Ono gedang dipangan kethek
Ketheke kuru mergo ora kopen
Arep madang malah segane entek
Mending mapan turu sinambi golek impen
 


Bocah gundul awake kuru 
Mancal kemul terus mapan turu 

Godong waru gawe mbuntel ketan
Bentuke rapi ugo katon edipeni
Ojo mapan turu mundak dadi krinan
Mending ngombe kopi sinambi daden geni
 

 
Bal volly wes sido dituku
Nganggo duit susuke sepuluh ewu
Nek tak woco statusmu
Akeh uwong seng do ngguy
u


Ono wong ayu nembe ajar dandan
Dandanane nggowo gincu ben ketok ayu tenanan
Ojo guya guyu ndak diarani wong edan
Statuse ora lucu iki mung guyonan


Godong kemangi ojo dipendem
Yen dipendem ilang ambune
Soyo mbengi hawane tambah adem
Ben Ora adem diombe wedang kopine

Godong kemangi ojo dipendem
Yen dipendem ilang ambune
Soyo bengi hawane tambah adem
Ben ra adem tarik selimute 


Godong kemangi ojo dipendem
Yen dipendem ilang ambune

Soyo mbengi hawane tambah adem

Ben ora adem nduseli bojone tonggone 

Awan awan mancing nang kali
Mancing nang kali olehe kok ubur ubur
Ono prawan nang pinggir kali
Mandang dicepaki prawane malah kabur


Masak ubur ubur kudu diwenehi klopo
Klopo seko Cibubur akeh santene
Prawane kabur teko ora popo 

Wong sing kabur lagi kumat edane 

Ono cawan isine anggur
Godong pandan nggo boreh
Ono prawan ayu sing kabur
Amargo kedanan karo wong sing soleh


Dodolane payu kuwi sing dikarepake
Biso gawe nyangoni anak lan bojone
Pancen katon ayu ugo katon nggemesake
Mandang tak parani jebul bolong gegere


Gentong lemah selehke payon
Sayur lodeh tambahi tomat
Akeh wong podo playon
Wedi amargo ono wong kumat
 


Wit witane tomat dirusaki karo landak
Wite didak idak banjur akeh sing mati

Yen lagi kumat ora ono sing wani nyedak
Mergo yen wani nyedak biso dijaluki roti
 


Sayur lodeh tambahi tomat
Tomate dirajang nang telenan kayu
Weruh wong kang lagi kumat
Jebule kedanan prawan ayu
 


Ketempelan sawan awake dadi pating plenting
Sawan seko Medan ganase koyo algojo
Ngakune ijih prawan tur ugo ijih ting ting
Tiwas direwangi ngedan jebulane uwis duwe bojo
 


Manggar kuwi kembange klopo 
Gawe santen masak nang wojo
Dasar wong lanang ngakune setyo
Putune sak ndayak ngakune joko
 


Maem srikoyo malah ketibanan upo
Rasane koyo kurmo sing kecemplung nang toyo
Ora podo percoyo aku yo ora popo
Wong bojone gek limo tapi ayu sedoyo
 


Sayur lodeh santene klopo
Bumbune bawang putih godong lompong
Percoyo nek wong kang soleh iku dikdoyo
Bojo limo rambute wis putih untune wis ompong
 


Jangane lompong ombenane wedang kopi
Dicampuri kunir diombe lebar sarapan
Senajan untune wis ompong sirahe ugo uwis nyunggi tivi
Tapi nek wong kang soleh iku nyengir prawan ayu langsung mapan
 


 

 

 
 



 

Thursday, October 5, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 7

Ono cewek numpak pit jengki katoke ketok meta mete
Ceweke arep tuku pete karo tuku siomai
Malem Sabtu iki acarane nekani rapat erte
Acarane nang balai erte perumahan Maron Permai

Pak Bejo dodol pete
Pak Danu dodol roti
Kumpulan nang pap Erwe
Kesusu mangkat sandale keri


Maem roti mari rasane koyo roti klopo
Disimpen nang lemari ben ora maleh rasane
Sandale keri teko digawe ora popo
Mergo mau entuk ganti sandale tonggone
 


Tuku sapi sak dadunge
Tuku bakwan ora nggo lombok
Ono sandal pedot srampate
Arep ngganti ora duwe tombok


Ngoyak kadal nang kebon sawit
Awake pating blaker mergo kenang eri

Arep tuku sandal tapi ora duwe duwit
Mendingan nyeker senajan sikile kroso keri
 


Enake jus tomat yen dicampuri madu
Madu seko Paris ambune koyo plitur
Iki malem Jumat malem sing paling syahdu
Wayahe ngekum keris ben ora gampang muthur

Lowo mebor kecemplung belumbang
Lebar ngeboll enake madang 
Angon sapi nang deso Kandangan
Sapine mangan lumut nang pinggir galengan
Arep ngombe kopi malah durung digoreng sangan
Kopine teko di emut senajan ijih glindingan
Ono kuntilanak lagi maem lombok rawit
Kuntilanake ayu tapi mambu batang
Paling penak yen gek lagi duwe duwit
Biso ngguya ngguyu koyo ora duwe utang
 
Nduwe duit limangatus gawe tuku obat watuk
Obate diwadahi cangkir dadi ilang khasiyate
Arep gawe status nanging mripate uwis kroso ngantuk
Yen dipekso kanggo mikir malah tambah sepet mripate

Duwet Sewu gawe tuku karung
Sugeng ndalu wayahe kemulan sarung


Nyiapake karung gawe wadah gabah
Gabah seko Banyuwangi bentuke ora roto
Arep kemulan sarung tapi sarunge lagi dikumbah
Mergo mau bengi sarunge diompoli karo kang
Parto


Duit akeh ono ing laci
Tak melu ngekek senAjan aku ora ngerti

Ono ketek semprotan minyak wangi
Minyak seko Medan biso gawe jimat
Ramang ngekak ngekek mergo iki uwis bengi
Ndak dikiro wong edan sing ucul seko kramat


Dioyak boyo banjur umpetang nang ngisor merang
Boyone nyegur nang kolah samar ditutuk nganggo botol
Arep mangkat makaryo udane uwis terang
Puji syukur alhamdulillah banjur ora sido nganggo mantol

Udan grimis tuku uyah
Lebar Kemis njur Jemuah


 
 


   

Wednesday, October 4, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 6

Ambune trasi koyo ambune kuntilanak
Trasi sak petutuk dirubung laler
Awake lebar didusi rasane dadi kepenak
Mripate dadi ngantuk rasane liyer liyer

Ngarit suket nggo pakan wudus
Wedus ngelak diombeni 

Awak sayah kudu adus
Yen ora adus ora dikeloni


Lebar sasi Juli mesti sasi Agustus
Lebar sasi Agustus mesti sasi September
Saben bali nguli ambune dadi prengus
Sakjane arep adus tapi kok durung kober
 


Ono wong edan mangan iwak wader
Iwake seko Turki sak kulone Sanggrahan
Lebar udan hawane dadi kroso seger
Mugo mugo udan iki nggowo keberkahan

Pak Soleh njagong nang ngisor plengkung
Wetenge dadi ngeleh mergo weruh jangan kangkung


Iwak sepat sedulure iwak gabus
Wayahe ngebruke mripat leren anggone leh do nggedebus


Bokonge meksdut dandanane rodo menor
Bodine rodo caem wajahe ketok imut imut
Lagi nyokot mendut lambene dadi njenor
Mergo pas maem lambene dicokot semut

Dolan dolan kudanan deres.
Tuku payung warnane biru
Ono prawan rupane luwes
Jebule nolak lamaranku


Maem telo pendem ing wayah awan
Meme nang warung wetenge dadi mules
Hawane adem rasane ora karuan
Arep kemulang sarung malah sarunge teles

Ngombe jamu pegelinu kecampuran lengo
Rasane dadi ora seger ora ono kasiyate
Arep kemulang nganu malah uwonge lagi lungo
Banjur mepet pager karo ngitip nganu tonggone


Buah sak dompol dilebokake nang kepis
Kepise bentuke mlenuk koyo buah kurma
Iki ora gupak ompol mung gupak banyu pipis 

Pipis sing pinuk jarene pak Atmaja

Yen mangan roti ojo nang petengan
Ben ora kliru tur maeme dadi nyaman
Kudu ngati ati ben ora konangan
Dak didukani pak guru sing asmane pak Rahman


Sakdurunge dideres arene kudu disapu
Deresane disimpen nang lemari sak mburine soko
Yen lagi ora beres enggalo dijopa japu
Ben cepet mari banjur ora neko neko
 


Entuk kiriman terigu seko kutho Parakan
Terigune diicipi rasane ora enak
Mumpung malem Minggu gawe acara lek lekan
Ben ora ketok sepi banjur nggugah simboke anak-anak

Mlebu sekolah nggowo mainan 
Nang njero kelas dukani bu guru
Nggugah bojone gawe alasan
Jebulane nusul turu


Nang pantai Glagah dikancani bu guru
Pantaine pancen oye ugo okeh wisatawane
Bojone arep digugah koq nembe wae anggone turu
Aku kudu kepiye nek ademe koyo ngene
 


Roso clekit clekit dicokot gurem
Roso clekot dicokot semut
Soyo wengi soyo adem
Gampang wae kemulan slimut


 
 
 
 

Tuesday, October 3, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 5

Anake sapi arane dudu belo
Yen pitek dere kuwi kakangne kuthuk
Lebar ngombe kopi mripate dadi mentholo
Padahal mau sore mripate kroso ngantuk

Suket teles nggo pakan sapi
Bojone lampor jenenge wewe
Howone anyes kahanan sepi
Ditinggal bojo jur turune dewe


Tuku getuk nang kertosono
Dalane elek mlakune gremat gremet
Mripat ngantuk enggal diturokno
Ramang gawe melek ndak marai mumet


Ngeculake doro tekan kampung kemloko
Doro mung siji malah ora gelem mabur
Melu nekani acoro nang daleme mas Joko
Acoro pamitan haji mugo-mugo dadi haji sing mabrur

Nek reng kemloko liwat gondangan
Ojo sok mloto ndak di arani kranjingan

Niliki nang longan ono tabung gas
Tabunge digletakke nang cedake lemari
Nek wonge kranjingan ora semang digagas
Teko dinengake sing penting ora nyamari


Reng kediri liwat banyuwangi 
Samar nyamari mending guak ae nang pinggir kali
 
Masak jola jali dicampur telo
Telo seko cilembu enak rasane
Yen bondo dibuang nang kali  mesti dadi gelo
Mergo banjur ditemu karo konco kancane
 


Ono kanguru mubeng nang lapangan
Njo turu sesok ndak krinan


Ambune wangi ambune perawan
Perawan Suroboyo seneng mangan lombok rawit
Ayo podo tangi saiki uwis awan
Wayahe makaryo ben entuk duwit
 


Ono kopi sak kerdus nang njero lemari  
Lebar adus langsung mapan golek mimpi 

Nganggo topi ben ketok gagah
Topi ireng wernane tukune nang parangtritis
Gek enak enak ngopi malah ono seng nggugah
Padahal aku ngimpine lagi pacaran karo artis
 


Arep pasang susuk kudu ndadak nang banyuwangi
Liwate kutho Gresik ugo ngliwati kutho Solo
Takiro uwis esuk jebulane ijih rodo mbengi
Efek mapan turu gasik mripate saiki dadi mentholo

Semarang udane deres
Banyuwangi mendunge ilang
Dadi menungso ojo kakehan ngenes
Mongso nganten kakean nyumbang


Iki kacu warnane biru
Godong garing kabur kanginan
Iki ono rondo ayu
Saben esuk lali sarapan
 


Yen tuku kayu mbayare kudu kontan
Kayune kayu mahoni biso digawe dandan
Takiro rondo ayu sing lagi jempalikan
Mandang diparani jebulane wong edan


Menyang gunung amek kayu
Menyang kebon amek timun 

Yen disawang ngguya ngguyu
Jebulane wong majenun 

Yen nandur timun kudu dirantai
Nandure nang kebonan ing wayah udan
Diarani majenun teko digawe santai
Pancen iki jamane lagi podo ngedan


Ronda malam main remi
Wedang kopi nggo lek-lek'an
Dolan-dolan golek nggon sepi
Jebulane gawe golek'an


Lungo nang Pekalongan karo adol sapi
Sapine nggon bang Kanapi pancen larang regane
Ojo podo tongkrongan nang panggonan sing sepi
Mergo panggonan sing sepi akeh demit lan setane


Klambi bolong dipangan coro
Beras ketan digawe srabi
Saben lungo mesti wong loro
Bali-bali nembung rabi


Lungo nang Bejen kulakan kuweni
Mlakune gremat gremet koyo mlakune dokar
Arep lungo ijen mergo ora wani
Banjur ngajak pak Slamet sing pawakane koyo pendekar
 


Numpak andong lungo nang pasar
Tekan pasar tuku kolang kaling
Bener aku koyo pendekar
Tapi aku wedi karo maling

 
 
 
 
 

Sunday, October 1, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 4

Main wayang uwong kon dadi gareng
Amargo diarep arep lucune
Esuk esuk disuguhi telo goreng
Sedelo maneh metu wedang kopine


Esuk esuk mangan gethuk
Awan awan mangan bakwan
Yen pancen rasane ngantuk
Yo ra popo yen turu awan


Arep tuku bakwan malah entuke gedang rojo
Gedang seko Makasar asale seko Turki
Ojo turu pas awan kuwi mangsane podo kerjo
Mending dolan nang pasar sopo ngerti oleh rejeki
 


Tempe opo tahu podo podo seko dele
Tuku kayu aren nggo mbakar jagung
Aku nyobo bakulan pete
Golek panggon anane bingung


Pacitane dimamah akhire malah dilepehake
Leh nglepehake bola bali mergo ora enak dipangan
Nembe wae tekan omah saiki mung kari ngantuke
Lebar adus seko kali acarane ra karuan

Sowan nang pak Jalal baline digawani pete
Petene digawe acar banjur diwadahi gelas
Nekani Halal Bihalal nang nggon balai Er Te
Acarane lancar rampunge jam setengah sewelas

Menyang pasar tuku duren
Tuku telu sing mentah siji
Halal bi halal mulih kewengen.
Ora biso mlebu mergo lawange dikunci


Maem kuwaci rasane koyo teri
Banjur dicuci ben enak rasane
Yen lawange dikunci lewat lawang mburi
Lawang mburi dikunci nginep nang tonggone
 


Jam enem esuk metu sengrengene
Menyang warung tuku arem arem
Bener biso turu nang tanggane
Nanging ketap ketip ora biso merem


Ketemu karo koncone dijeki maem arem arem
Maem nang ngisor wit waru sebelahe wit gori
Turu nang tonggone pancen angel anggone merem
Pas lagi mapan turu malah ditemoni karo peri


Bahan nongko jenenge gori
Pakel mentah jenenge pelem
Rupane ayu jenenge peri
Yen arep diboncengi ojo gelem


Maem pelem karo lesehan nang kloso
Pelem manalagi seko Indramayu
Nek ora gelem kudu dipekso 

Karo ditaleni ben ora biso mlayu

Lungo nang Purworejo banjur nang kutho Bandung
Bablas nang kutho Solo numpake kereta api
Pas ora mangkat kerjo cuacane malah mendung
Enake nggodog telo karo ngombe wedang kopi

Sesuk sasi Agustus nonton perayaan kemedekaan
Sangune njaluk tambah gawe tuku gulali
Prei gawe status mergo ora duwe bahan gawe parikan
Apike tak umbah umbah mumpung banyune uwis mili

Madahi ransel nang njero peti
Ben ketok rapi koyo ransele artis
Awake kesel kudu njaluk dipijeti
Enake ngundang mbak Evi sing pijetane gratis


Naleni walang paling kuat nganggo kabel
Walang sing nyerang pari ugo seng nyerang kemangi
Ojo digawe sumelang nek mung kon bayar dobel 

Sesuk mesti tak bayari tapi enyong kadek diutangi 

Kolor sepatu rupane ireng
Klambi batik benike telu
Yen ora gelem mlaku bareng
Sing penting aku sido melu


Maem jangan gori pipine dadi kempot
Untune nganti ngelu mergo atos koyo wajan 

Ramang meri mengko ndak malah dadi repot
Wong nek melu mesti banjur jaluk jajan
 


Jambu mateng dipangan codot
Bajing mlumpat nyolong klopo
Mung mlaku bareng wae ora repot
Senajan kesel ora dadi ngopo


Nyangklong ransel isine pacitan
Ransel seko Manila apek jahitane
Awake kesel kudu ndang pijetan
Pijetan nang mbak Tia mesti penak rasane


Ora mendung kok ono udan
Malah ben subur tandurane
Awak sayah apike pijetan
Tapi pekewuh karo bojone


 




 



  

Friday, September 29, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 3

Ndandani jolo gawe nyekel manuk jalak
Manuke diumbar nang cedake lapangan
Mumpung ono telo banjur digawe kolak
Timbangane selak gabar ora enak dipangan

Dicokot boyo tatune dadi ngoreng
Dicokot tangane seng sebelah kanan
Bali makaryo disuguhi tempe goreng
Tempene bojone rasane enak tenan

Jin aladin juragane kozim
Ditumpake mobil pajero
Minal aidin walfaizin 

Mohon maaf njobo njero

Yen menyang Jeporo ojo lali tuku bakwan
Ugo tuku srikoyo nang warunge pak Suroto
Aku jaluk pangapuro bodo iki ora biso sowan
Mergo wis mangkat makaryo minongko sarono golek arto
 


Mecahi karbit paling penak nganggo bodem
Karbit cacahe sekarung gawe ngimbu gori
Angine kroso semribit hawane dadi tambah adem
Enake kemulang sarung banjur mlebu senthong mburi

Dudu lemper nanging arem-arem
Dudu kuwali nanging cemplon
Pingin anget tapi isih adem
Sing paling anget yo ngajak kelon


Maem panganan rasane koyo srikoyo
Maeme nganggo irus seng gawe mister kabul
Pingine kelonan tapi iki wayahe makaryo
Nek kelonan terus dapure ora biso ngebul


Santen kenthel soko klopo
Ngiris pare diganjel tlenan
Nem dino kanggo makaryo
Sedino wae kusus nggo kelonan


Ngumbah tlenan mergo gupak lengo
Ngumbahe nang progo direwangi pak Saryono
Arep ajak kelonan bojone malah lagi lungo
Enake ngeloni tonggo mumpung bojone ora ono
 


Kacang dele kacang koro
Cino singkek ngobong dupo
Nek yen wani nanggung perkoro
Bojone tonggo yo ora popo


MMaem gedang rojo wetenge dadi loro
Dimaemi koro lorone dadi ora kroso
Mending gawe kerjo ben pikirane ora ngoyo woro
Nek mikir bojone tonggo mengko atine malah nelongso


Apek rambutan nang pinggiring telogo
Apeke ing sasi suro kudu karo nyumet dupo
Ramang podo rebutan ndak disin isin karo tonggo
Mending sowan nang klenteng cino ben diwenehi angpao


Ngisor amben jenengane longan
Senajan wis biyen aku isih kelingan


Ditiliki nang longan jebulane ora ono
Ditiliki nang sebelah kari tugelane
Ijih kelingan rikolo jaman semono 

Ora sekolah malah konangan gurune

Pring ditumpuk tumpuk
Bumbung gawe wadah legen
Kapan kapan yen kepetuk
Arep tak tagih janjine gek biyen


Ngakune wong sugih padahal ora nduweni
Duwene mung lengo seng utang nggon tanggane
Arep ditageh malah wonge nglungani
Deweke lungo mergo gek kumat edane
 


Lawang dikunci kuwatir mengo
Tuku manuk sak kurungane
Senajan wonge lagi lungo
Senajan karo ngantuk tak entenane


Plesir nang Yunani banjur tekan negoro Itali
Baline nggowo lemari bentuke edi peni
Suwe anggone ngenteni malah ora bali bali
Uwonge ora ngabari jebulane pancen arep ngerjani
 


Kendal Kaliwungu
Menyang Semarang lewat Weleri
Kapan dolan karo aku
Yen jajan tak kon mbayari


Yen liwat Weleri mlakune gremat gremet
Macete dowo mergo ono trek seng nylekantang
Aku siap mbayari gowo duwite pak Slamet
Mergo iki tanggal tuwo duwite gawe bayar utang


Jago kluruk esuk esuk
Bocah angon digondol wewe
Ngono kuwi pancen mathuk
Mbayar jajan ora ngrogoh kantonge dewe
 


Njoget nang lapangan ben dikiro artis
Artis seko monco seangkatane Bruri
Resepe mangan ben biso gratis 

Ngejaki konco deweke sing kon mbayari 

Ono wong ngandung ngidam lotis
Kurang komplit ditambah pelem
Yen acara biso jajan tur yo gratis
Koncoku yo okeh sing gelem


Yen maem lotis kudu diakehi sambele
Ditambahi trasi seng seko Meduro
Maem sing gratis pancen enak rasane 

Opo maneh sing nggratisi bojone tonggo

Olah raga ing dino Kemis
Ngeter sekolah nang SD Induk
Oleh wae yen pingin digratis
Ananging yo ora keno tanduk


Tuku pacul nang pasar Kreteg
Jatah ronda ing malem Seloso
Lumayane senajan kurang wareg
Tinimbangane dikon poso


Nggelar kloso gawe ndelehake sego
Segone diguwak diparani kuntilanak
Dikon poso yo teko ora popo
Kanggo nyilikake awak mlakune dadi kepenak
 


Kepingin sehat banjur ngombe jamu
Yen pingin manis yo ngombe dawet
Ben wae yen dadi wong lemu
Jarene yen lemu kuwi luwih anget


RRutin ngombe jamu kejogo kesehatane
Jamu godong kemangi biso gawe ngusir lemut
Yen awake lemu mesti anget kelonane
Pas wayah bengi ora ndadak jipuk selimut
 


Ngarit suket nggo pakan marmut
Dadi sak kandang karo truwelu
Ngerti yen bojone ora nganggo slimut
Tutup lawang langsung melu