Anake sapi arane dudu belo
Yen pitek dere kuwi kakangne kuthuk
Lebar ngombe kopi mripate dadi mentholo
Padahal mau sore mripate kroso ngantuk
Suket teles nggo pakan sapi
Bojone lampor jenenge wewe
Howone anyes kahanan sepi
Ditinggal bojo jur turune dewe
Tuku getuk nang kertosono
Dalane elek mlakune gremat gremet
Mripat ngantuk enggal diturokno
Ramang gawe melek ndak marai mumet
Ngeculake doro tekan kampung kemloko
Doro mung siji malah ora gelem mabur
Melu nekani acoro nang daleme mas Joko
Acoro pamitan haji mugo-mugo dadi haji sing mabrur
Nek reng kemloko liwat gondangan
Ojo sok mloto ndak di arani kranjingan
Niliki nang longan ono tabung gas
Tabunge digletakke nang cedake lemari
Nek wonge kranjingan ora semang digagas
Teko dinengake sing penting ora nyamari
Reng kediri liwat banyuwangi
Samar nyamari mending guak ae nang pinggir kali
Masak jola jali dicampur telo
Telo seko cilembu enak rasane
Yen bondo dibuang nang kali mesti dadi gelo
Mergo banjur ditemu karo konco kancane
Ono kanguru mubeng nang lapangan
Njo turu sesok ndak krinan
Ambune wangi ambune perawan
Perawan Suroboyo seneng mangan lombok rawit
Ayo podo tangi saiki uwis awan
Wayahe makaryo ben entuk duwit
Ono kopi sak kerdus nang njero lemari
Lebar adus langsung mapan golek mimpi
Nganggo topi ben ketok gagah
Topi ireng wernane tukune nang parangtritis
Gek enak enak ngopi malah ono seng nggugah
Padahal aku ngimpine lagi pacaran karo artis
Arep pasang susuk kudu ndadak nang banyuwangi
Liwate kutho Gresik ugo ngliwati kutho Solo
Takiro uwis esuk jebulane ijih rodo mbengi
Efek mapan turu gasik mripate saiki dadi mentholo
Semarang udane deres
Banyuwangi mendunge ilang
Dadi menungso ojo kakehan ngenes
Mongso nganten kakean nyumbang
Iki kacu warnane biru
Godong garing kabur kanginan
Iki ono rondo ayu
Saben esuk lali sarapan
Yen tuku kayu mbayare kudu kontan
Kayune kayu mahoni biso digawe dandan
Takiro rondo ayu sing lagi jempalikan
Mandang diparani jebulane wong edan
Menyang gunung amek kayu
Menyang kebon amek timun
Yen disawang ngguya ngguyu
Jebulane wong majenun
Yen nandur timun kudu dirantai
Nandure nang kebonan ing wayah udan
Diarani majenun teko digawe santai
Pancen iki jamane lagi podo ngedan
Ronda malam main remi
Wedang kopi nggo lek-lek'an
Dolan-dolan golek nggon sepi
Jebulane gawe golek'an
Lungo nang Pekalongan karo adol sapi
Sapine nggon bang Kanapi pancen larang regane
Ojo podo tongkrongan nang panggonan sing sepi
Mergo panggonan sing sepi akeh demit lan setane
Klambi bolong dipangan coro
Beras ketan digawe srabi
Saben lungo mesti wong loro
Bali-bali nembung rabi
Lungo nang Bejen kulakan kuweni
Mlakune gremat gremet koyo mlakune dokar
Arep lungo ijen mergo ora wani
Banjur ngajak pak Slamet sing pawakane koyo pendekar
Numpak andong lungo nang pasar
Tekan pasar tuku kolang kaling
Bener aku koyo pendekar
Tapi aku wedi karo maling
No comments:
Post a Comment