Friday, October 6, 2017

Pntun Jawa / Parikan Part 8

Maem srikoyo rasane kok rodo bedo
Sing ngenehi tonggone srikoyone ijeh ijo
Wayahe makaryo senajan suasanane ijih bodho
Pancen dadi kewajibane nafkahi anak bojo

Tuku roti wijen karo adol waluh
Ngakune ijen jebul anake sepuluh 


Tuku kranjang gawe wadah waluh
Waluhe berem mergo kakean
Ngakune bujang jebulane anake wis sepuluh
Ben ketok porem ugo ben ketok kekinian
 


Yen mimik madu ojo karo maem nongko
Mundak awake gendut bentuke dadi ora karuan
Suasanane dadi syahdu mergo udane uwis teko
Enake nyetel dangdut ngibing tekan sesuk awan

Nyekel kuntilanak diumpetake nang ngisor mejo
Ditutupi klaras banjur ditaleni kawat
Paling kepenak yen bodho-bodho mangkat kerjo
Tongkrong nang teras sinambi nyawang wong liwat

Apek godong waru gawe mbuntel tlenan
Tlenan tinggalane leluhur seng asale seko ndeso
Ayo podo mapan turu ben tangine ora krinan
Sesuk biso sahur ugo biso nglakoni poso

Apek godong bayem ugo apek godong gedang
Monggo kulo aturi sare kanthi ayem mugi mbenjing mboten wonten ingkang krinan

Godong bayem godong gedang
Yen gawe dolanan nggupaki tlutohe
Atine ayem mau bengi ora suwe anggone begadang
Tangine ora krinan lih maem biso sak pol pole
 


Nduwe duit limangatus gawe tuku bola volli
Tukune sesuk bodho ben karo entuk bonus
Arep gawe status tapi malah ukorone aku lali
Banjur aku ora sido tinimbangane gagal fokus

Wayang golek jaran kore
Iku tontonan sing kondang
Ben golek padang pikire
Cepet gek ndang madang


Ono gedang dipangan kethek
Ketheke kuru mergo ora kopen
Arep madang malah segane entek
Mending mapan turu sinambi golek impen
 


Bocah gundul awake kuru 
Mancal kemul terus mapan turu 

Godong waru gawe mbuntel ketan
Bentuke rapi ugo katon edipeni
Ojo mapan turu mundak dadi krinan
Mending ngombe kopi sinambi daden geni
 

 
Bal volly wes sido dituku
Nganggo duit susuke sepuluh ewu
Nek tak woco statusmu
Akeh uwong seng do ngguy
u


Ono wong ayu nembe ajar dandan
Dandanane nggowo gincu ben ketok ayu tenanan
Ojo guya guyu ndak diarani wong edan
Statuse ora lucu iki mung guyonan


Godong kemangi ojo dipendem
Yen dipendem ilang ambune
Soyo mbengi hawane tambah adem
Ben Ora adem diombe wedang kopine

Godong kemangi ojo dipendem
Yen dipendem ilang ambune
Soyo bengi hawane tambah adem
Ben ra adem tarik selimute 


Godong kemangi ojo dipendem
Yen dipendem ilang ambune

Soyo mbengi hawane tambah adem

Ben ora adem nduseli bojone tonggone 

Awan awan mancing nang kali
Mancing nang kali olehe kok ubur ubur
Ono prawan nang pinggir kali
Mandang dicepaki prawane malah kabur


Masak ubur ubur kudu diwenehi klopo
Klopo seko Cibubur akeh santene
Prawane kabur teko ora popo 

Wong sing kabur lagi kumat edane 

Ono cawan isine anggur
Godong pandan nggo boreh
Ono prawan ayu sing kabur
Amargo kedanan karo wong sing soleh


Dodolane payu kuwi sing dikarepake
Biso gawe nyangoni anak lan bojone
Pancen katon ayu ugo katon nggemesake
Mandang tak parani jebul bolong gegere


Gentong lemah selehke payon
Sayur lodeh tambahi tomat
Akeh wong podo playon
Wedi amargo ono wong kumat
 


Wit witane tomat dirusaki karo landak
Wite didak idak banjur akeh sing mati

Yen lagi kumat ora ono sing wani nyedak
Mergo yen wani nyedak biso dijaluki roti
 


Sayur lodeh tambahi tomat
Tomate dirajang nang telenan kayu
Weruh wong kang lagi kumat
Jebule kedanan prawan ayu
 


Ketempelan sawan awake dadi pating plenting
Sawan seko Medan ganase koyo algojo
Ngakune ijih prawan tur ugo ijih ting ting
Tiwas direwangi ngedan jebulane uwis duwe bojo
 


Manggar kuwi kembange klopo 
Gawe santen masak nang wojo
Dasar wong lanang ngakune setyo
Putune sak ndayak ngakune joko
 


Maem srikoyo malah ketibanan upo
Rasane koyo kurmo sing kecemplung nang toyo
Ora podo percoyo aku yo ora popo
Wong bojone gek limo tapi ayu sedoyo
 


Sayur lodeh santene klopo
Bumbune bawang putih godong lompong
Percoyo nek wong kang soleh iku dikdoyo
Bojo limo rambute wis putih untune wis ompong
 


Jangane lompong ombenane wedang kopi
Dicampuri kunir diombe lebar sarapan
Senajan untune wis ompong sirahe ugo uwis nyunggi tivi
Tapi nek wong kang soleh iku nyengir prawan ayu langsung mapan
 


 

 

 
 



 

No comments:

Post a Comment