Friday, September 29, 2017

Pantun Jawa / Parikan Part 3

Ndandani jolo gawe nyekel manuk jalak
Manuke diumbar nang cedake lapangan
Mumpung ono telo banjur digawe kolak
Timbangane selak gabar ora enak dipangan

Dicokot boyo tatune dadi ngoreng
Dicokot tangane seng sebelah kanan
Bali makaryo disuguhi tempe goreng
Tempene bojone rasane enak tenan

Jin aladin juragane kozim
Ditumpake mobil pajero
Minal aidin walfaizin 

Mohon maaf njobo njero

Yen menyang Jeporo ojo lali tuku bakwan
Ugo tuku srikoyo nang warunge pak Suroto
Aku jaluk pangapuro bodo iki ora biso sowan
Mergo wis mangkat makaryo minongko sarono golek arto
 


Mecahi karbit paling penak nganggo bodem
Karbit cacahe sekarung gawe ngimbu gori
Angine kroso semribit hawane dadi tambah adem
Enake kemulang sarung banjur mlebu senthong mburi

Dudu lemper nanging arem-arem
Dudu kuwali nanging cemplon
Pingin anget tapi isih adem
Sing paling anget yo ngajak kelon


Maem panganan rasane koyo srikoyo
Maeme nganggo irus seng gawe mister kabul
Pingine kelonan tapi iki wayahe makaryo
Nek kelonan terus dapure ora biso ngebul


Santen kenthel soko klopo
Ngiris pare diganjel tlenan
Nem dino kanggo makaryo
Sedino wae kusus nggo kelonan


Ngumbah tlenan mergo gupak lengo
Ngumbahe nang progo direwangi pak Saryono
Arep ajak kelonan bojone malah lagi lungo
Enake ngeloni tonggo mumpung bojone ora ono
 


Kacang dele kacang koro
Cino singkek ngobong dupo
Nek yen wani nanggung perkoro
Bojone tonggo yo ora popo


MMaem gedang rojo wetenge dadi loro
Dimaemi koro lorone dadi ora kroso
Mending gawe kerjo ben pikirane ora ngoyo woro
Nek mikir bojone tonggo mengko atine malah nelongso


Apek rambutan nang pinggiring telogo
Apeke ing sasi suro kudu karo nyumet dupo
Ramang podo rebutan ndak disin isin karo tonggo
Mending sowan nang klenteng cino ben diwenehi angpao


Ngisor amben jenengane longan
Senajan wis biyen aku isih kelingan


Ditiliki nang longan jebulane ora ono
Ditiliki nang sebelah kari tugelane
Ijih kelingan rikolo jaman semono 

Ora sekolah malah konangan gurune

Pring ditumpuk tumpuk
Bumbung gawe wadah legen
Kapan kapan yen kepetuk
Arep tak tagih janjine gek biyen


Ngakune wong sugih padahal ora nduweni
Duwene mung lengo seng utang nggon tanggane
Arep ditageh malah wonge nglungani
Deweke lungo mergo gek kumat edane
 


Lawang dikunci kuwatir mengo
Tuku manuk sak kurungane
Senajan wonge lagi lungo
Senajan karo ngantuk tak entenane


Plesir nang Yunani banjur tekan negoro Itali
Baline nggowo lemari bentuke edi peni
Suwe anggone ngenteni malah ora bali bali
Uwonge ora ngabari jebulane pancen arep ngerjani
 


Kendal Kaliwungu
Menyang Semarang lewat Weleri
Kapan dolan karo aku
Yen jajan tak kon mbayari


Yen liwat Weleri mlakune gremat gremet
Macete dowo mergo ono trek seng nylekantang
Aku siap mbayari gowo duwite pak Slamet
Mergo iki tanggal tuwo duwite gawe bayar utang


Jago kluruk esuk esuk
Bocah angon digondol wewe
Ngono kuwi pancen mathuk
Mbayar jajan ora ngrogoh kantonge dewe
 


Njoget nang lapangan ben dikiro artis
Artis seko monco seangkatane Bruri
Resepe mangan ben biso gratis 

Ngejaki konco deweke sing kon mbayari 

Ono wong ngandung ngidam lotis
Kurang komplit ditambah pelem
Yen acara biso jajan tur yo gratis
Koncoku yo okeh sing gelem


Yen maem lotis kudu diakehi sambele
Ditambahi trasi seng seko Meduro
Maem sing gratis pancen enak rasane 

Opo maneh sing nggratisi bojone tonggo

Olah raga ing dino Kemis
Ngeter sekolah nang SD Induk
Oleh wae yen pingin digratis
Ananging yo ora keno tanduk


Tuku pacul nang pasar Kreteg
Jatah ronda ing malem Seloso
Lumayane senajan kurang wareg
Tinimbangane dikon poso


Nggelar kloso gawe ndelehake sego
Segone diguwak diparani kuntilanak
Dikon poso yo teko ora popo
Kanggo nyilikake awak mlakune dadi kepenak
 


Kepingin sehat banjur ngombe jamu
Yen pingin manis yo ngombe dawet
Ben wae yen dadi wong lemu
Jarene yen lemu kuwi luwih anget


RRutin ngombe jamu kejogo kesehatane
Jamu godong kemangi biso gawe ngusir lemut
Yen awake lemu mesti anget kelonane
Pas wayah bengi ora ndadak jipuk selimut
 


Ngarit suket nggo pakan marmut
Dadi sak kandang karo truwelu
Ngerti yen bojone ora nganggo slimut
Tutup lawang langsung melu




 




No comments:

Post a Comment